Luruh Ilmu, Lagu Ciptaan Orang Tegal

Setelah lagu Tegal Keminclong Moncer Kotane, kini kami mencoba membahas lirik lagu Luruh Ilmu, yang diciptakan oleh Ophi Iskhaq, rapper Indie dari Tegal.

Lagunya riang, kocak, dan yang pasti berlogat Tegal kental. Namun meskipun kocak, bukan berarti lagu ini tidak mempunyai pesan. Lagu ini punya pesan tersendiri agar kita rajin menuntut ilmu.

Yuk mari disimak liriknya.

Ya ngandel nyong sih ngomong apa
lagi cilik kon sekola ora gelem
ngrasa kajogan barang wis kaplak
wis kaplak…wis kaplak
(2x)

kiye lagu sing judule luruh ilmu
tinimbang bocahe gering ora lemu
ora kurang banget ora penyakitan
tapi sebabe pancen kakehen pikiran
ya maklum nyong IQ-ne pas-pasan

 

mulane bocah luruh ilmu temenanan
soale wajib awit seprit sampe mati
presiden nganjurna sekola sampe lanjutan
jarene ora dipungut bayaran
tapi sejen karo ana ning kenyataan

cita-citane dadi guru agama
belajar ngaji esih alif,ba,ta,sa
awit sing Tk nganti sarjana
kon mulang awake dewek be ora bisa

Ya ngandel nyong sih ngomong apa
lagi cilik kon sekola ora gelem
ngrasa kajogan barang wis kaplak
wis kaplak…wis kaplak
(2x)

kanggo apa sekola dhuwur-dhuwur
yen wis lulus jebule esih nganggur
aja remot ngrongokna suara ngawur
sing ngomong kakehen nonton sinetron si dul

memang bener apa jarene wong
pengen kerja enek nganggo ilmu
tapi ilmu dudu nganggo luruh kerja

luruh ilmu pancen akeh liku liku
luruh kerja juga akeh lika-liku
lika liku cari sekolah
lika liku menjadi kuli

Ya ngandel nyong sih ngomong apa
lagi cilik kon sekola ora gelem
ngrasa kajogan barang wis kaplak
wis kaplak…wis kaplak
(2x)

yen ilmune duwur wis dijamin makmur
pengin dadi apa wis bbe bisa diukur
asal aja sampe dadi dukun cabul
esih mending dadi dukun sunat
apa luwih apik yen dadi dukun bayi
bayangan rogo tapi olih gaji

cita-cita boleh setinggi langit
asal aja jaluk ning tempat sing singit
mbokan dadi tumbale para dedemit

ente bisa dadi apa bae
sing penting ente wis ana ilmune
dadi penyiar kaya DODI SA
pengin dadi penyair kaya API TOLAIRE
Apa dadi dalang kaya Ki enthus susmonoooo

Ya ngandel nyong sih ngomong apa
lagi cilik kon sekola ora gelem
ngrasa kajogan barang wis kaplak
wis kaplak…wis kaplak
(2x)

luruh ilmu ora usah royal kadal
ora mesti mlebu ning sing formal
sing penting nimba ilmu endah pinter
bocah pinter..bocah pinter mbesuk dadi dokter
bocah bodo…bocah bodo…mbesuk dadi kebo
bocah pinter..bocah pinter mbesuk dadi dokter

bocah bodo…bocah bodo…mbesuk dadi kebo(3x)
bocah pinter..bocah pinter mbesuk dadi kebo.(ee..)

Lagunya bisa diunduh di sini.

 

Sumber:

Jajul

Related posts

2 Thoughts to “Luruh Ilmu, Lagu Ciptaan Orang Tegal”

  1. fajar

    hehheh aku wis due lagune hehe 😛

    dong lagi kangen karo tegal ya mesti ringokna kiye 🙂

  2. Arien

    kancane nyong namane Hana (wadon) yen nirukena lagu kie apal nemen sung.. hahahaaa

Leave a Comment